Minggu, 24 Mei 2020

Puisi Jawa

Aja Kemlinthi

Dening : Mayang Febtian Dianingtiyas

Cah
Aja terus ndeleng miduwurmu
Apa sing kowe arepi
Ngertio cah
Tiba iku lara

Urip iku akeh lika-likune
Kudu sabar
Kudu tawakkal marang Gusti Allah
Yen kowe ora bisa
Kerikil-kerikil cilik bakal ngrendheti laku

Elinga...elinga
Kowe kudu ngati-ati
Yen ora pengin susah
Amarga
Kabeh butuh proses, semangat, lan keyakinan

Rabu, 12 Februari 2014

Puisi Jawa

KUMALUNGKUNG
                                                                            
Dening : Mayang Febtian Dianingtiyas

Heee… 
Dadi wong 
Aja kumalungkung
Amarga kowe mung oleh girang
Dadi sak penakmu dewe
Nanging
Elinga…elinga
Kowe kudu ngati-ati
Bakal ambruk dining awakmu dewe
Wong sing ko anggep ndisor
Bakal luwih teko kowe… 
Lan…
Iso bakal nyandung sikilmu

Kowe kena karma
Geneya kowe ora ngerti?
Karma kuwi
Isa nglarani ati